Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

CONTOH NASKAH PIDATO KATA SAMBUTAN BAHASA JAWA ACARA SYUKURAN SINGKAT

Contoh-Naskah-Pidato-Kata-Sambutan-Bahasa-Jawa-Acara-Syukuran-Singkat
Contoh Naskah Pidato Kata Sambutan Bahasa Jawa Acara Syukuran Singkat -  Kata Sambutan Bahasa Jawa Acara Syukuran adalah pembukaan suatu acara yang resmi yang berkaitan Acara Syukuran menggunakan bahasa jawa dengan tema acara keluarga, seperti acara syukuran , acara hajatan pernikahan , acara khitanan anak, acara aqikahan ,acara reuni sekolah, acara 17 agustusan dan acara syukuran lainnya. Cara membuat Kata Sambutan Bahasa Jawa Acara Syukuran sangat mudah dan sederhana , sobat bisa melatih cara berpidato sederhana di depan umum dengan latihan berbicara Bahasa Jawa dengan naskah atau konsep yang benar sehingga dengan kata sambutan para audience pendengar dapat memahami apa saja pesan - pesan maupun rangkaian acara yang akan berlangsung.
Banyak Contoh Naskah Pidato Kata Sambutan Bahasa Jawa Acara Syukuran Singkat yang bisa dijadikan referensi sobat dalam membuat kata sambutan,

Berikut adalah Contoh Naskah Pidato Kata Sambutan Bahasa Jawa Acara Syukuran Singkat

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Alhamdulillahi robbil’alamin, washho-laatu wassa laamu ‘ala asysyrofil ambiyaa-i wal mursaliina wa’ala aalihi wa askhaabihi ajma’in.

Asyhadu anlaa ilaaha ilallohu wahdahu laa sarii kallah, wa ashadu anna muhammadan ‘abduhu wa rosuuluhu laa nabiya ba’dah.

Allohumma sholi’ala mukhammad, wa’ala ali mukhammad, amma ba’du.

Nuwun!

Para sesepuh, pinisepuh, dalah pangemban pangembating praja ingkang kinabekten,

Para alim ulama’ah 

Para tamu undangan ingkang kinurmatan,

Sumangga langkung rumiyen tansah ngunjukaken raos puji syukur wonten ngarsa dalem Alloh SWT ingkang sampun paring mapinten-pinten kanikmatan dumateng kita sedaya, sahingga kula panjenengan sami saged lenggah makempal, manunggal ngrawuhi menapa ingkan dados undanganipun Romo Sumanto sakaluwarga wonten menika papan kanthi wilujeng tanpa satunggal alangan menapa.

Salawat saha salam mugi tansah katetepna dumateng nabi junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, para kaluwarga, sahabat, saha pengikutipun mugi sumrambah dumatheng kula panjenengan sedaya. Aamiin.

Salajenganipun, kados menapa ingkang sampun kaserat wonten serat ulem. Bilah panjenengan sedaya katur rawuh ing griya Bapak Sumanto kagem ngawontenaken satunggaling syukuran amargi putra mbarep saking Romo Sumanto sampun purna anggenipun pasinaon ing Universitas Gajah Mada Ngayogyakarta Hadiningrat.

Sanggayaning para rawuh ingkang bagya mulya, kula minangkani supados dados badal wakilipun Romo Sumanto, ngambali atur pambagya sugeng rawuh kairing atur panuwun ingkang mawantu-wantu dene panjenengan sedaya sampun kersa nglonggaraken wekdal, ngenthengaken sarira saperlu rawuh wonten papan menika.

Salajenganipun kados sampun kapacak wonten ing serat sedhahan ingkang dados wigatosing sedya, inggah Bapak Sumanto, sakaliyan mliginipun anak mas Radit Kusomo kados kajugrugan ing wukirsari, awit nalika surya 26 November 2021 sampun winisuda minangka Sarjana Teknik ing Fakultas MIPA UGM Ngayogyakarta Hadiningrat.

Ingkang menika bapak Sumanto sakadang gotrah tansah memuji ing ngarsanipun Gusti mugi kanthi ungguling kawasisan sarta landheping kalantipanipun anakmas Radit Kusomo, S.T lajeng saged angsal pidamelan ingkang kados pun kersakaken. Aamiin.

Para rawuh ingkang kinurmatan, mekaten ingkang saged ula aturaken awit asmanipun ingkang amengku gati, pinaggih kasaring atur, lepating paramasastra tuin kiranging trapsila sowan kula, saestu tansah nyuwun agunging samudra pangaksami.

Wa bilahit taufiq wal hidayah.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.


Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh.

Sedoyo undangan ingkang kulo hormati.

Langkung rumiyen monggo kito sareng-sareng ngucapaken raos syukur dumateng ngersanipun Allah swt. ingkang sampur, maringi nikmat lan hidayahipun sehinggo wakdal niki kito sandugeni undanganipunbapak;…. ingkang nggadah hajatan arur. tasyakuran ngenggeni griyo anyar.

Lajeng shalawat ugi salam mugiyo tetep dipun paringaken dumateng nabi kito Muhammad saw., keluarganipun, poro sahabatipun ugi kaum muslimin sedoyo ingkang purun ngelampahi ajaran Islam kanthi estu lan leres. Mugiyo kito sedoyo dados umat beliau ingkang purun ngelampahi ajaran Islam. kelawan estu-estu lan leres.

Sedoyo udangan ingkang kulo hormati.

Perlu sedoyo undangan sumerapi mbok beleh bapak;…..wakda.

niki raos syukur dumateng ngersanipun Allah swt. keranten nopo ingkang dipun arep-arepaken kaliyan sekeluarga sakniki sampun dipun kabulaken. Inggih meniko dipun paringi saget mbangur griyo ingkang sahe, kados mekaten niki. Lan semanten ugi raos syukuripun bapak; …..sekeluarga, kito dipun undang kaperlu nderek tasyakuran sareng-sareng.

Pramilo saking niku bapak; ….. nyuwun do’a restuipun

dumateng panjenengan sedoyo, mugiyo nikmat ingkang dipun

terami bapak;…..niki saget barokah, wonten manfaatipun lan

ugi ndadosaken parekipun dumateng Allah. Kelawan tambah nikmat niku ugi saget nyaheni lelampahanipun ugi amalan amalan lintunipun.

Lan bapak;…..nyuwun agunge pangapunten beleh wonten

kekiranganipun, nopo niku arupi pasogatan lan lintu-lintunipun

Sedoyo undangan ingkang kulo hormati.

Kulo lan panjenengan sedoyo meniko kedah senantiasa raos syukur dumateng ngersanipun Allah swt. ingkang sampun maringi pinten-pinten nikmat. Kito ugi kedah enget mbok beleh bersyukur niku saget nambahi nikmat, maksudipun sinten ingkang raos syukur dumateng ngersanipun Allah, milo saking niku bakal ditambah dening Allah swt. Lan kito kedah enget mbok beleh kito dipun larang kufur nikmat. Syukur dateng nikmat ingkang dipun paringaken Allah, niku mboten cekap diucapaken mawon, ananging kito kedah buktekaken kelawan perbuatan lan lelampahan ingkang dipun perintah Allah.

Undangan sedoyo ingkang kulo hormati.

Mekaten sambutan kulo atas nami saking bapak;…. sekeluarga, mugiyo saget kito fahami, sehinggo kito saget ugi ngamalaken ing dalem gesang kito saben dinten.

Akhirul Kalaam. Ihdinash Shiraathal Mustaqiim. Wassalamu-’alaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh

Demikian Contoh Naskah Pidato Kata Sambutan Bahasa Jawa Acara Syukuran Singkat semoga bermanfaat.